Khutbah Idul Fitri Tentang Makna Idul Fitri Dalam Kehidupan Sehari-Hari Versi Bahasa Jawa

Kata9.com - Ketika selasai bulan ramadhan, bertemulah kita dengan Idul Fitri, Bagaimana Kita Memaknai Idul Fitri Dalam Kehidupan Sehari-Har? Mari kita simak khutbah idul fitri berikut ini: Khutbah Pertama

ุงู„ุณู„ุงู… ุนู„ูŠูƒู… ูˆุฑุญู…ุฉ ุงู„ู„ู‡ ูˆุจุฑูƒุงุชู‡
ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ  ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ - ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ  ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ - ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ  ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ.
ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ ูƒุจูŠุฑุง ูˆุงู„ุญู…ุฏ ู„ู„ู‡ ูƒุซูŠุฑุง ูˆุณุจุญุงู† ุงู„ู„ู‡ ุจูƒุฑุฉ ูˆุฃุตูŠู„ุง  ู„ุงุฅู„ู‡ ุฅู„ุง ุงู„ู„ู‡ ูˆุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ ูˆู„ู„ู‡ ุงู„ุญู…ุฏ.
ุงู„ุญู…ุฏ ู„ู„ู‡ ุงู„ู…ุจุฏุฆ ุงู„ู…ุนูŠุฏ ุงู„ูุนุงู„ ู„ู…ุง ูŠุฑูŠุฏ ุงู„ุฐู‰ ุฎู„ู‚ ุงู„ุฅู†ุณุงู†  ูู…ู†ู‡ู… ุดู‚ูŠ ูˆุณุนูŠุฏ ุฃุญู…ุฏู‡ ูˆุฃุดูƒุฑู‡ ุญู…ุฏุง ูˆุดูƒุฑุง ู…ู‚ุฑูˆู†ูŠู† ุจุงู„ุชู‡ู„ูŠู„ ูˆุงู„ุชุณุจูŠุญ ูˆุงู„ุชุญู…ูŠุฏ. ุฃุดู‡ุฏ ุฃู† ู„ุง ุฅู„ู‡ ุฅู„ุง ุงู„ู„ู‡ ูˆุญุฏู‡ ู„ุง ุดุฑูŠูƒ ู„ู‡ ุงู„ู…ุฏุจุฑ ู„ุฎู„ู‚ู‡ ูู‰ ุนุฑุดู‡ ุงู„ู…ุฌูŠุฏ. ูˆุฃุดู‡ุฏ ุฃู† ู…ุญู…ุฏุง ุนุจุฏู‡ ูˆุฑุณูˆู„ู‡ ุงู„ุฐู‰ ุฃูˆุถุญ ู„ู†ุง ุณุจูŠู„ ุงู„ุณุนุงุฏุฉ ูˆุงู„ุณู„ุงู…ุฉ ู…ู† ุงู„ุนุฐุงุจ ุงู„ุดุฏูŠุฏ.
ุงู„ู„ู‡ู… ุตู„ ูˆุณู„ู… ุนู„ู‰ ู…ุญู…ุฏ ูˆุนู„ู‰ ุขู„ู‡ ูˆุตุญุจู‡ ุตู„ุงุฉ ูˆุณู„ุงู…ุง ุงุฏุฎุฑู‡ู…ุง ู„ุณูุฑ ุจุนูŠุฏ.
ุฃู…ุง ุจุนุฏ : ููŠุงุนุจุงุฏ ุงู„ู„ู‡ ุฑุญู…ูƒู… ุงู„ู„ู‡  ุงุชู‚ูˆุง ุงู„ู„ู‡ ุญู‚ ุชู‚ุงุชู‡ . ูˆุงุนู„ู…ูˆุง ุฃู† ูŠูˆู…ูƒู… ู‡ุฐุง ูŠูˆู… ุนุธูŠู… . ุฃุญู„ ุงู„ู„ู‡ ู„ูƒู… ููŠู‡ ุงู„ุทุนุงู… ูˆุญุฑู… ุนู„ูŠูƒู… ููŠู‡ ุงู„ุตูŠุงู…. ูˆู‚ุงู„ ุงู„ู„ู‡ ุชุนุงู„ู‰ : ูˆู„ุชูƒู…ู„ูˆุง ุงู„ุนุฏุฉ ูˆู„ุชูƒุจุฑ ุงู„ู„ู‡ ุนู„ู‰ ู…ุงู‡ุฏุงูƒู… ูˆู„ุนู„ูƒู… ุชุดูƒุฑูˆู†. ุงู„ุฃูŠุฉ.
ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ ูˆู„ู„ู‡ ุงู„ุญู…ุฏ.
Kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah

Minangka bebukaning atur keparenga kula ajak-ajak dhumateng panjengengan sedaya lan badan kula piyambak mangga sami-sami ningkataken taqwa dhumateng Allah SWT.
Kanthi angestoaken dhawuh-dhawuhipun lan nebihi sedaya awisanipun. Awit taqwa punika satunggaling margi tumuju dhateng kawilujengan tuwin karaharjan wounten ing donya hingga ing akherat. Lan ndadosna pengertosan bilih dinten punika dinten bungah, dinten beja, lan bahagia. Dintenipun umat Islam medal saking wulan Ramadhan dumateng dinten agung Idul Fitri. Pramila mangga dinten menika kita sambut, kita ramekaken kanthi waosan takbir, tahlil lan tahmid, supados syiar Islam ketingal semarak lan rame, lan ugi samiya ngathah-ngatahaken amal shaleh supados kita tansah pikantuk rahmatipun Allah taโ€™ala. Lan mangga kita samia nyuwun dhateng Allah taโ€™ala, mugi-mugi anggen kita nglampahi shiyam lan amal-amal ibadah sanesipun saged dipun tampi dining Allah SWT. 

ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ   ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ   ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ   ูˆู„ู„ู‡ ุงู„ุญู…ุฏ

Kaum muslimin muslimat rahimakumullah

Kita sedaya ing enjang punika sampun pisah kaliyan wulan Ramadhan al-mubarok, wulan ingkang kebak  berkah, rahmah, lan maghfirohipun Allah SWT. Ateges kita sampun lumebet ing dinten perayaan agung, inggih punika Iidul Fitri.

Iidul Fitri utawi dinten riyadin Fitrah inggih punika dinten kesucianing manungsa, utawi dinten wangsulipun kesucian dumateng kita sedaya para manungsa.

Lan manungsa ingkang dipun kersaaken wonten ing ngriki, mboten wonten sanes kejawi tiyang mukmin lan muslim. Liripun saben tiyang mukmin lan muslim, saget ngestoaken dawuhipun Allah SWT. Lan nulad tuwin andherek sunnah-sunnahipun Rasulullah SAW, nindaaken siyam ing wanci siyangipun Ramadhan, lan jumenengi ngibadah ing wanci dalunipun, kanti lelandhesan Iman saha niat ingkang ikhlas, namung ngupadi Ridlanipun Allah. Tiyang kala wau kasanepaaken dening Rasulullah SAW kados dene jabang bayi ingkang nembe mijil saking guwa garba ibunipun, resik, suci saking sawarning lalaha lan dosa.

Kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah

Dinten Riyadin Fitri lan dinten Riyadin Adha, kekalihipun dinten ageng keagamaan, ingkang resmi dipun ajaraken dening agami Islam. Dene dinten-dinten ageng sanesipun mujudaken hasil budayaning manungsa, ka dosta: Dinten ageng Maulid Nabi Muhammad SAW, dinten ageng Israโ€™ Miโ€™raj, dinten ageng Nuzulul Qurโ€™an, lan dinten agung 1 Muharram, lan sanes-sanesipun. 

Sasampunipun kaum muslimin hijrah lan menetap ing kitha Madinah, setahun laminimpun, pendhudhuk Madinah ngawontenaken perayaan Mahargya dinten ageng Jahiliyah, ingkang kebak hura-hura, berpoya-poya, pemborosan lan sapanunggilanipun, lan sinebat perayaan dinten agung โ€œNaeruzโ€ lan โ€œMahrajanโ€. Sesampunipun Rasulullah pirsa kawontenan punika, panjenenganipun lajeng tumuli ngawisi sedaya kaum muslimin merayakan dinten ageng jahiliyah kesebut. Sekaligus Rasulullah mendhekritaken lan netepaken kalih dinten agung ingkang resmi ing agami Islam, inggih punika Iidul Fitri lan Iidul Adha, lan minangka dados gantosipun hari raya Jahiliyah kesebat. Rasulullah SAW ngendika :
ู‚ุฏ ุฃุจุฏู„ูƒู… ุงู„ู„ู‡ ุจู‡ู…ุง ุฎูŠุฑุง ู…ู†ู‡ู…ุง ูŠูˆู… ุงู„ุฃุถุญู‰ ูˆูŠูˆู… ุงู„ูุทุฑ
Satemene Allah SWT wus kersa ngganti kanggo sliramu kabeh hari besar (Nairuz lan Mahrajan) klawan dina agung loro kang luwih utama, yaiku Riyaya Adha lan Riyaya Fithri. 
ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ   ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ   ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ   ูˆู„ู„ู‡ ุงู„ุญู…ุฏ

Kaum muslimin muslimat Rahimakumullah

Pramila punika sampun wajar, bilih kita samia kersa merenung, ngangen-ngangen Iidul Fitri punika, Sahengga kita mangertasi menggah makna lan hikmah punapa ingkang winengku dining dinten Riyadin Iidul Fitri punika ?

Sampun kita fahami bilih Fitrah ateges kesucianing manungsa. Manungsa dipun cipta dining Allah mawi rancangan dados makhlukipun ingkang suci tur paling sahe.

Dinten Riyadin Fitrah, inggih dineten kesyukuran lan dinten kemengananipun umat Islam. Jalaran saged angasoraken, lan meper hawa nafsu sadangunipun wulan Ramadhan. Pramilo punika Iidul Fitri dipun sambet kanthi raos bingah, suka, seneng lan gembira.
Dipun ngendikaaken dening Rasulullah SAW.
ู„ู„ุตุงุฆู… ูุฑุญุชุงู†: ูุฑุญุฉ ุนู†ุฏ ุฅูุทุงุฑู‡ ูˆูุฑุญุฉ ุนู†ุฏ ู„ู‚ุงุก ุฑุจู‡
Wongkang puasa (Ramadhan) iku keparingan bungah warna lora : 1) Bungah nalika buka (nalika Riyaya) semangsa wus rampung puasane, 2) Bungah nalika ketemu pangerane besuk ana ing akherat.
ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ   ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ   ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ   ูˆู„ู„ู‡ ุงู„ุญู…ุฏ
Kaum Muslimin lan Muslimat Rahimakumullah

Kesyukuran, kemengangan lan kebingahan ingkang dipun paringaken dhumateng kita kaum muslimin, wonten ing dinten agung Iidul Fitri punika, boten ateges kita dipun keparengaken seneng-seneng kanthi tumindak sasekecanipun, ngumbar hawa nafsu, ngejor hardaning nafsu kepinginanipun.
Punika boten ! sepisan malih boten !!!

Awit manawi makaten badhe cengkah (berlawanan) kaliyan paugeranipun agami Islam. Ingkang tundhanipun badhe dhumawah wonten ing juranging karisakan lan kanisthan. Inggih punika risaking fitrah kesucian kita, tuwin badhe nampi benduning pangeran ingkang Maha Agung Allah SWT.

Saiba hebatipun hawa nafsu ingkang dados mengsahipun manungsa. Kebukten saking kalanganipun para pejuang, para pahlawan, ingkang gagah lan berani ing palagan. ewa samanten piyambak ipun mboten anggadhahi daya kekiyatan nglawan hawa nafsu nipun piyambak. Mboten anggadhani kekiyan kangge nglawan godha kemewahaning donya. Al-Quranul Karim gambaraken ing Surat Al-Mukminun : 7
ูˆู„ูˆ ุงุชุจุน ุงู„ุญู‚ ุฃู‡ูˆุงุกู‡ู… ู„ูุณุฏุช ุงู„ุณู…ุงูˆุงุช ูˆุงู„ุฃุฑุถ ูˆู…ู† ููŠู‡ู† (ุงู„ู…ุคู…ู†ูˆู†: 7)

Lan saumpama kebenaran utawa (Al-Qurโ€™an) iku manut marang hawa nafsune wong-wong mau, mesthi langit, bumi saisine kabeh iku padha rusak.

Ananging jer kita umat Islam, kadhawuhan ngegungaken asmanipun Allah, kanthi tetep nindaaken taqwa dumateng Allah, minangka realitas utawi pawujudan syukur kita dumateng peparengipun gusti Allah SWT.
Allah pareng dawuh makaten :
ูˆู„ุชูƒู…ู„ูˆุง ุงู„ุนุฏุฉ ูˆู„ุชูƒุจุฑูˆุง ุงู„ู„ู‡ ุนู„ู‰ ู…ุง ู‡ุฏุงูƒู… ูˆู„ุนู„ูƒู… ุชุดูƒุฑูˆู† (ุงู„ุจู‚ุฑุฉ 185)

Lan sira kabeh padha nyampurnaโ€™ake wilangane dina, anggonira puasa Ramadhan, lan yen wis sampurna itungane), sira kabeh padha ngegungna Allah Taโ€™ala, kanthi miturut tata cara kang wis di tuduhake marang sira, supaya sira kabeh padha syukur.
ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ   ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ   ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ   ูˆู„ู„ู‡ ุงู„ุญู…ุฏ


Kaum Muslimin muslimat rahimakumullah

Ayat Al-Qurโ€™an kesebat nginggil, nedahaken dhumateng kita sedaya, bilih sarampungipun nindakaken siyam, wetah sewulan, kita kadhawuhan anjangkepi wilanganipun dinten siyam Ramadhan, lan angegungaken asmanipun Allah.

Angegungaken asmanipun Allah inggih punika kanthi nindak aken sedaya lampah ibadah, lan ngumandhangaken waosan takbir, tahlil lan tahmid.
ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ   ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ   ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ   ู„ุงุฅู„ู‡ ุฅู„ุง ุงู„ู„ู‡   ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ ูˆู„ู„ู‡ ุงู„ุญู…ุฏ

Ingkang kawiwitan saking seraping surya ing akhiripun wulan Ramadhan hingga dumugi kyai khatib minggah mimbar, paring khutbah shalat Iid.

Lumantar takbir ingkang dipun kumandhangaken wonten ing sadhengah papan, ing ndalem, ing masjid ing mushalla-mushalla, semanten ugi wonten ing margi-margi, saperlu kinarya ngiyataken keyakinan kita, bilih ingkang maha Agung punika namung Allah. Lan percados bilih mboten wonten Pangeran ingkang pantes sinembah kejawi naming Allah piyambak.

Sedangunipun wulan ramadhan kita kaum muslimin, tansah anggladhe lan anggulawenthah diri kita piyambak-piyambak, boten sanes inggih kangge angegungaken asma nipun Allah SWT.

Kita siyam, nahan luwe lan nahan ngelak, inggih namung angegungaken dhawunipun Allah.
Kita maos Al-Qurโ€™an, ngapalaken, ngaji lan tadarus Al-Qurโ€™an inggih kanthi niyat angegungaken kalamullah lan angasoraken sedaya omonganipun makhluk.
Kita shalat tarawih, shalat tahajud, shalat wengi, qiyamu lailatil qadri, kangge angegongaken Allah lan angalitaken sedaya maklukipun.
ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ   ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ   ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ   ูˆู„ู„ู‡ ุงู„ุญู…ุฏ
Kaum  muslimin muslimat rahimakumullah

Idul Fitri : katitik saking makna sosialipun, ateges dintenipun para putra, kange sarana anglahiraken luapan raos bingah, suka gembira lan maremipun para putra kalawahu.
Idul Fitri inggih dintenipun fakir miskin, pikantuk kelonggaran, kemudahan, serta kacekapan gesangipun, sahengga saged sesarengan kaliyan, sdherek-sadherek ipun kaum muslimin, mahargya dinten agung Idul Fitri punika, sasampunipun saben dintenipun gesang kecingkrangan, papa lan kelunta-lunta.

Kejawi punika Idul Fitri inggih dintenipun kaum kerabat, kangge angempalaken sedaya karib kerabatipun atas dhasar amal kasahenan, silaturrahim, lan apura ingapura saking dosa-dosa lan kalepatan, ingkang dipun sengojo sami ugi ingkang boten dipun sengaja, lan donga โ€“ di nonga.

Silaturrahim, apura ingapura, dongo dinonga, anggadahi jalur inggih punika : 
  1. Antawisipun bapak, simbah lan para putra wayahipun.
  2. Antawisipun suami lan isteri utawi bapa lan ibu.
  3. Antawisipun muslim satunggal kaliyan sanesipun, utawi antawisipun sadherek muslim nunggil agami lan nunggil aqidahipun.

Idul Fitri inggih dintenipun jiwa ingkang mulya, mbucal lan mbusek raos drengkinipun, tumuli lajeng bersatu, manunggal, sasampunipun perpecahan lan pasulayan. Sahengga swasana berobah dados jernih sasampunipun keruh, lan saling memaafkan, apura ingapura, ingkang saderengiun sami sesatran lan memengsahan.

Kaum musilmin muslimat rahimakumullah

Menika sedaya, badhe saged ngenyari lan nyaeni hubungan gesang bebrayan sahengga ikatan sosial dados langkung kiyat lan kukuh, arupi kesetiaan lan pasedherekan lan karemenan.

Lan hubungan gesang bebrayan ingkang kiat lan kukuh punika inggih saged suka ing manah arupi kesenangan, lan suka ing jiwa arupi kebingahan, lan suka ing jasad arupi ketentreman.

Ingkang ngaten punika ugi menku tujuan sosial, inggih menika ngengetaken anggota masyarakat ing babagan hak-hak ipun kaum lemah, miskin lan papa:

Sahengga raos kabingahan ing Riyadin fitrah punika, murakabi ing saben-saben rumah tangga, lan kanikmatan ipun Idul Fitri sumebar wradin ing saben-saben keluarga.

Wandene makna sosial Idul Fitri punika dipun nyataaken mawi simbul zakat fitrah.
Imam Abu Daud lan Imam Ibnu Majah saking Ibnu Abbas, nyariasaken:
ูุฑุถ ุฑุณูˆู„ ุงู„ู„ู‡ ุตู„ู‰ ุงู„ู„ู‡ ุนู„ูŠู‡ ูˆุณู„ู…, ุฒูƒุงุฉ ุงู„ูุทุฑ ุทู‡ุฑุฉ ู„ู„ุตุงุฆู… ู…ู† ุงู„ู„ุบูˆ ูˆุงู„ุฑูุซ ูˆุทุนู…ุฉ ู„ู„ู…ุณุงูƒูŠู†, ู…ู† ุฃุฏุงู‡ุง ู‚ุจู„ ุงู„ุตู„ุงุฉ ูู‡ูŠ ุฒูƒุงุฉ ู…ู‚ุจูˆู„ุฉ ูˆู…ู† ุฃุฏุงู‡ุง ุจุนุฏ ุงู„ุตู„ุงุฉ ูู‡ูŠ ุตุฏู‚ุฉ ู…ู† ุงู„ุตุฏู‚ุงุช.

Rasulullah SAW wus majibake zakat fitri, minangka dadi pencuci (jiwa) tumrap wongkang padha puasa, sangka ucapan saru lan dosa, sarta aweh pangan marang poro miskin. Lan sing sapa wonge mbayar zakate sadurunge madeg shalat Iid, yoiku zakat kang ditampa dening Allah, wondene sing mbayar sabubare shalat Iid, iku dadi shadaqah biasa.
ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ   ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ   ุงู„ู„ู‡ ุฃูƒุจุฑ   ูˆู„ู„ู‡ ุงู„ุญู…ุฏ

Kaum muslimin muslimat rahimakumullah :

Sedaya rangkaian ibadah, wiwit siyam Ramadhan dumugi ning Idul Fitri, Punika dadosaken kita sedaya wangsul dhumateng asal kedadosan kita, kados jabang bayi ingkang nembe lahir, dados Fitrah malih, bebas lan resik saking dosa. Allah SWT kelayan bangga ngumumake dhateng penghuni langit, lan para malaikat.

Katrangeken wonten hadist nabi :
ุฅุฐุง ูƒุงู† ูŠูˆู… ุงู„ูุทุฑ ูŠุจุนุซ ุงู„ู„ู‡ ุงู„ู…ู„ุงุฆูƒุฉ ููŠู‡ุจุทูˆู† ุฅู„ู‰ ุงู„ุฃุฑุถ ูู‰ ูƒู„ ุงู„ุจู„ุงุฏ ููŠู‚ูˆู„ูˆู† : ูŠุขุฃู…ุฉ ู…ุญู…ุฏ ุฃุฎุฑุฌูˆุง ุฅู„ู‰ ุฑุจ ูƒุฑูŠู…. ูุฅุฐุง ุจุฑุฒูˆุง ุฅู„ู‰ ู…ุตู„ุงู‡ู… ูŠู‚ูˆู„ ุงู„ู„ู‡ ุฃุดู‡ุฏูˆุง ูŠุขู…ู„ุงุฆูƒุชู‰ ุฅู†ู‰ ู‚ุฏ ุฌุนู„ุช ุซูˆุงุจู‡ู… ุนู„ู‰ ุตูŠุงู…ู‡ู… ุฑุถุงูŠ ูˆู…ุบุฑูุชู‰.
Dipun riwayataken dening Ibnu Abbas RA, nalika kaleres dinten riyaya fitrah para malaikat ingkang sami wonten ing langit sami tumurun dhateng buminepun pundit-pundi negari, sarana undang-undang: he para ummat Muhammad ! sira kabeh pada metua sangka ngomah nuju sowan dumateng pangeran kang kagungan sifat loma. Mangka nalika para ummat Muhmmad sami medal saking dalemipun nuju papan pesalatan lajeng sami salat Idul Fitri, Gusti Allah lajeng dawuh: He para malaikat ! Ingsun  nyekseake ing siro kabeh, yen Ingsun wes ndhadeake karidlan lan pangapuran Ingsun marang ummat ummat mau, minangka dadi opahe olehe pada puasa lan olehe pada ngelakoni shalat tarawih.

Kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah

Samanten kamurahanepun Allah lan agengipun nikmanipun dateng kita sedaya para umatepun Muhammad, wiwit saking dinten kemenangan kabingahan, kabegjan, lan kawilujengan, mila mangga kita sedaya sareng-sareng anyukuri kamurahanipun Allah kala wau.
Lan kawontenan ingkang fitrah lan suci menika kita jagi, sampun ngantos kotor lan risak kanti ningkataken pangatos-atos wonten ing samudayaning tumindak, tuwin tansah taqwa dumateng Allah SWT. Lan mangga kita ndonga mugi-mugi Pondok kita Darussalam meniko terus majeng lan lancar ing sedaya program-programipun lan mugi sedoyo pimpinan lan pembantu-pembantu nipun bapak-bapak kyai, para pengasuh, bapak-bapak guru lan sedoyo santrinipun dipun paringi kekiatan, kesehatan, kawilujengan, lan dipun gampelaken dining Allah ing sedaya urusanepun. Amien ya rabbal alamienโ€ฆ.

ุชู‚ุจู„ ุงู„ู„ู‡ ู…ู†ุง ูˆู…ู†ูƒู… . ูˆุฌุนู„ู†ุง ูˆุฅูŠุงูƒู… ู…ู† ุงู„ุนุงุฆุฏูŠู† ูˆุงู„ูุงุฆุฒูŠู† . ูˆู‚ู„ ุฑุจ ุงุบูุฑ ูˆุงุฑุญู… ูˆุฃู†ุช ุฎูŠุฑ ุงู„ุฑุงุญู…ูŠู†.

KHUTBAH KEDUA


ุงู„ู„ู‡ ุงูƒุจุฑ ร— 6 ุงู„ู„ู‡ ุงูƒุจุฑ ูƒุจูŠุฑุง ูˆุงู„ุญู…ุฏ ู„ู„ู‡ ูƒุซูŠุฑุง ูˆุณุจุญุงู† ุงู„ู„ู‡ ุจูƒุฑุฉ ูˆุฃุตูŠู„ุง. ุงู„ุญู…ุฏ ู„ู„ู‡ ุงู„ุนู„ูŠู… ุงู„ุญู„ูŠู… ุงู„ุบูุงุฑ,  ุงู„ุนุธูŠู… ุงู„ู‚ู‡ุงุฑ, ุงู„ุฐูŠ ู„ุง ุชุฎููŠ ู…ุนุฑูุชู‡ ุนู„ูŠ ู…ู† ู†ุธุฑ ููŠ ุจุฏุงุฆุน ู…ู…ู„ูƒุชู‡ ุจุนูŠู† ุงู„ุงุนุชุจุงุฑ. ูˆุฃุดู‡ุฏ ุฃู† ู„ุง ุงู„ู‡ ุฅู„ุง ุงู„ู„ู‡ ูˆุญุฏู‡ ู„ุง ุดุฑูŠูƒ ู„ู‡ ุดู‡ุงุฏุฉ ู…ู† ุดู‡ุฏ ุจู‡ุง ูŠููˆุฒ ููŠ ุฏุงุฑ ุงู„ู‚ุฑุงุฑ. ูˆุฃุดู‡ุฏ ุฃู† ู…ุญู…ุฏุง ุนุจุฏู‡ ูˆุฑุณูˆู„ู‡ ุตู„ูŠ ุงู„ู„ู‡ ุนู„ูŠู‡ ูˆุณู„ู… ูˆุนู„ูŠ ุขู„ู‡ ูˆุฃุตุญุงุจู‡ ุงู„ุทุงู‡ุฑูŠู† ุงู„ุฃุฎูŠุงุฑ ูˆุณู„ู… ุชุณู„ูŠู…ุง ูƒุซูŠุฑุง. ุฃู…ุง ุจุนุฏ:
ููŠุง ุฃูŠู‡ุง ุงู„ู†ุงุณ ุงุชู‚ูˆุง ุงู„ู„ู‡ ูˆุฃุทูŠุนูˆุง ุงู„ู„ู‡ ูˆุฃุทูŠุนูˆุง ุงู„ุฑุณูˆู„ ูˆุฃูˆู„ูŠ ุงู„ุฃู…ุฑ ู…ู†ูƒู… ุฅู† ุงู„ู„ู‡ ูˆู…ู„ุงุฆูƒุชู‡ ูŠุตู„ูˆู† ุนู„ูŠ ุงู„ู†ุจูŠ ูŠุง ุฃูŠู‡ุง ุงู„ุฐูŠู† ุขู…ู†ูˆุง ุตู„ูˆุง ุนู„ูŠู‡ ูˆุณู„ู…ูˆุง ุชุณู„ูŠู…ุง.
ุงู„ู„ู‡ู… ุตู„ ูˆุณู„ู… ุนู„ูŠ ุณูŠุฏู†ุง ู…ุญู…ุฏ ูˆุนู„ูŠ ุขู„ู‡ ูˆุตุญุจู‡ ูˆุงู„ุชุงุจุนูŠู† ูˆุงุฑุถ ุนู†ุง ู…ุนู‡ู… ุจุฑุญู…ุชูƒ ูŠุง ุฃุฑุญู… ุงู„ุฑุงุญู…ูŠู†. ุงู„ู„ู‡ู… ุงุบูุฑ ู„ู„ู…ุคู…ู†ูŠู† ูˆุงู„ู…ุคู…ู†ุงุช ูˆุงู„ู…ุณู„ู…ูŠู† ูˆุงู„ู…ุณู„ู…ุงุช ุงู„ุฃุญูŠุงุก ู…ู†ู‡ู… ูˆุงู„ุฃู…ูˆุงุช.
ุงู„ู„ู‡ู… ุงุฏูุน ุนู†ุง ุงู„ุบู„ุงุก ูˆุงู„ุจู„ุงุก ูˆุงู„ูุญุดุงุก ูˆุงู„ู…ู†ูƒุฑ ูˆุงู„ุฌุฏุจ ูˆุงู„ู‚ุญุท ูˆุงู„ูˆุจุงุก ูˆุงู„ุณูŠูˆู ุงู„ู…ุฎุชู„ูุฉ ูˆุงู„ุดุฏุงุฆุฏ ูˆุงู„ู…ุตุงุฆุจ ูˆุงู„ุฏูŠู† ูˆุงู„ู…ุฑุถ ูˆุงู„ู…ุญู† ูˆุงู„ูุชู† ู…ุง ุธู‡ุฑ ู…ู†ู‡ุง ูˆู…ุง ุจุทู† ู…ู† ุจู„ุฏู†ุง ู‡ุฐุง ุฎุงุตุฉ ูˆู…ู† ุจู„ุฏุงู† ุงู„ู…ุณู„ู…ูŠู† ุนุงู…ุฉ ุงู†ูƒ ุนู„ูŠ ูƒู„ ุดุฆ ู‚ุฏูŠุฑ.
ุงู„ู„ู‡ู… ุฃุบุฒ ุงู„ุฅุณู„ุงู… ูˆุงู„ู…ุณู„ู…ูŠู† ูˆุงู†ุตุฑ ู…ู† ู†ุตุฑ ุงู„ุฏูŠู† . ูˆุงุญุฐู„ ู…ู† ุฎุฐู„ ุงู„ู…ุณู„ู…ูŠู† . ูˆุฏู…ุฑ ุฃุนุฏุงุก ุงู„ุฏูŠู† ูˆุฃู‡ู„ูƒ ุงู„ูƒูุฑุฉ ูˆุงู„ู…ุจุชุฏุนุฉ ูˆุงู„ู…ุดุฑูƒูŠู† ูˆุฃุนู„ ูƒู„ู…ุชูƒ ุฅู„ู‰ ูŠูˆู… ุงู„ุฏูŠู†.
ุฑุจู†ุง ุขุชู†ุง ู…ู† ู„ุฏู†ูƒ ุฑุญู…ุฉ ูˆู‡ูŠุก ู„ู†ุง ู…ู† ุฃู…ุฑู†ุง ุฑุดุฏุง.
ุฑุจู†ุง ู„ุง ุชุฒุบ ู‚ู„ูˆุจู†ุง ุจุนุฏ ุฅุฐ ู‡ุฏูŠุชู†ุง ูˆู‡ุจู„ู†ุง ู…ู† ู„ุฏู†ูƒ ุฑุญู…ุฉ  ุฅู†ูƒ ุฃู†ุช ุงู„ูˆู‡ุงุจ.
ุฑุจู†ุง ุฃูุฑุบ ุนู„ูŠู†ุง ุตุจุฑุง ูˆุซุจุช ุฃู‚ุฏุงู…ู†ุง ูˆุงู†ุตุฑู†ุง ุนู„ู‰ ุงู„ู‚ูˆู… ุงู„ูƒุงูุฑูŠู†
ุฑุจู†ุง ุฅู†ู†ุง ุขู…ู†ุง ูุงุบูุฑ ู„ู†ุง ุฐู†ูˆุจู†ุง ูˆู‚ู†ุง ุนุฐุงุจ ุงู„ู†ุงุฑ.
ุฑุจู†ุง ุธู„ู…ู†ุง ุฃู†ูุณู†ุง ูˆุฅู† ู„ู… ุชุบูุฑ ู„ู†ุง ูˆุชุฑุญู…ู†ุง ู„ู†ูƒูˆู†ู† ู…ู† ุงู„ุฎุงุณุฑูŠู†.
ุฑุจู†ุง ุงุบูุฑู„ู†ุง ุฐู†ูˆุจู†ุง ูˆูƒูุฑ ุนู†ุง ุณูŠุฆุงุชู†ุง ูˆุชูˆูู†ุง ู…ุน ุงู„ุฃุจุฑุงุฑ.
ุฑุจู†ุง ุงุบูุฑ ู„ู†ุง ูˆู„ุฅุฎูˆุงู†ู†ุง ุงู„ุฐูŠู† ุณุจู‚ูˆู†ุง ุจุงู„ุฅูŠู…ุงู† ูˆู„ุง ุชุฌุนู„ ููŠ ู‚ู„ูˆุจู†ุง ุบู„ุง ู„ู„ุฐูŠู† ุขู…ู†ูˆุง ุฑุจู†ุง ุฅู†ูƒ ุฑุคูˆู ุฑุญูŠู….     
ุณุจุญุงู† ุฑุจูƒ ุฑุจ ุงู„ุนุฒุฉ ุนู…ุง ูŠุตููˆู† ูˆุณู„ุงู… ุนู„ู‰ ุงู„ู…ุฑุณู„ูŠู† ูˆุงู„ุญู…ุฏ ู„ู„ู‡ ุฑุจ ุงู„ุนุงู„ู…ูŠู†.

ูˆุงู„ุณู„ุงู… ุนู„ูŠูƒู… ูˆุฑุญู…ุฉ ุงู„ู„ู‡ ูˆุจุฑูƒุงุชู‡.


Subscribe to receive free email updates: