Khutbah Idul Fitri: Manfaat Bulan Ramadhan

kata9.com- Setelah berpuasa sebulan lamanya,  kita harus benar-benar mengambil Manfaat Bulan Ramadhan, seperti sholat, puasa, sodaqoh dlll

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الله أكبر الله أكبر الله أكبر / الله أكبر الله أكبر الله أكبر / الله أكبر الله أكبر الله أكبر كبيرا والحمد لله كثيرا وسبحان الله بكرة وأصيلا.
الحمد لله الذى جعل اليوم عيدا لعباده المؤمنين وختم به شهر الصيام للمصلحين,وجعل فى طاعته عز الدنيا والآخرة للطائعين, وفى معصيته ذل الدارين الدارين للعاصين, أشهد أن لا إله إلا الله وحده صدق وعده ونصر عبده وأعز جنده وهزم الأحزاب وحده وأشهد أن محمدا عبده ورسوله المشهور بفطانته وصدقه وتبليغه. صلى الله عليه وعلى آله وصحبه أجمعين, أما بعد : فيا عباد الله أوصيكم وإياي بتقوى الله فقد فاز المتقون.

Kaum muslimin rohimakumullah

Dinten punika dinten ingkang agung lan perlu dipun agungaken, jalaran umat Islam sampun saget ngrampungaken dawuhipun Gusti Allah ingkang arupi siam setunggal wulan, ingkang dipun iringi kalian amalan-amalan ingkang sunat, kados dene sholat taraweh, tadarus Al-Qur’an shodaqah, I’tikaf lan ugi sampun katutup kalian ngedalaken zakat fitrah. Kula yakin bilih sedoyo punika menawi dipun lampahi kanthi ikhlas namung murih ridhanipun Gusti Allah, mesti Gusti Allah bade paring ganjaran ingkang tikel matikel, lan bade ngicali pnten-pinten dosa-dosa. Junjungan kita Nabi Muhamamd SAW paring dawuh makaten:


شهر رمضان شهر كتب الله عليكم صيامه وسننت لكم قيامه فمن صامه وقامه إيمانا واحتسابا خرج من ذنبه كيوم ولدته أمه (رواه ابن خريمة عن أبى هريرة)
Artosipun :
“Wulan Ramadhan iku wulan kang Allah wus wajibake tumrap sira kabeh paa ana ing sasi iku, lan ingsun wus nyunatake marang sira kabeh ibadah (shalat tarawih ana ing wengine) manka sapa wonge kang pasa ana ing awane lan sholat taraweh ana wengine kanti imam lan murih ridhaning Gusti Allah mangka deweke ialan dosane kayo dene deweke malikane di lahirake sakaguwa garbene ibu”
الله أكبر الله أكبر الله أكبر
Dinten punika dinten kemenanganipun umat Islam, manang saking merangi syetan lan hawa nafsu, setunggal wulan umat Islam dangunipun ngendaleni saha meper hawa nafsu angkara murka, nahan kepengenan dahar lan ngunjuk lan pinten-pinten ingkang batalaken siam. Kejawi punika umat Islam ugi sampun mampu ngrubah kebiasaan ingkang boten sae kados nglikanipun wulan Ramahdan dugi, kawontenan punika dados robah. Saksampunipun maghrib umat Islam suam enggal-enggal tindah dateng masjid kangge shalat tarawih, ugi jamaah subuh lan kuliah subuh ipun. Mboten sekedih ugi ingkang anambahi I’tikaf wonten ing masjid-masjid punapa malih menawi sampun dumugi malem-malem ganjil sak sampunipun lewat 2/3 wulan Ramadhan.

Perubahan ingkag kados makaten punika setunggaling perjuangan lan pengorbanan ingkat awrat, perlu dipun syukuri lan dipun pertahanaken lan dipun dadosaken modal kangge usaha ningkataken amal ingkang sae, ibadah ingkat kiyat sak sampunipun wulan Ramadhan punika.
الله أكبر الله أكبر الله أكبر

Ing dinten punika Allah paring pangapunten dumateng kawulanipun ingkang sami taubat, nggetuni dumateng dosa dosanipun ingkang sampun kliwat/ anggenipun taubat kanti pindakaken dawuh-dawuhipun lan nebihi awis-awisanipun. Allah kesaenan dumateng kawulanipun ingkang sami taat taqwa ingkang taqwa ingkang ketaqwaanipun kebuktekaken kalian shadakahi dumateng fakir lan miskin lan lare-lare yatim.
Saestu begjo tiang-tiang ingkang sampun saget biasaaken amal ingkang sae brantas hawa nafsunipun lan saget jagi sedaya kesaenan ingkang dipun dawuhaken dane Allah.

Wonten ing dinten punika Allah ngalalaken dumateng kita dahar lan ngunyah lan ngaromaken siam.

Pramila saking punika sumagga kita sami syukur dumateng Allah serta meningkataken angen kita taqwa dumateng Allah kanti angatah ngatatahaken amal ingkang sholeh kados dene ingkang sampun kita tindakaken.

Sumangga kita sami ngapunten-ngapunten antawispun kita kalian kita, ugi dumateng tiang ingkang sak derengipun punika mengasihi dumateng kita ugi dumateng tiang ingkang sak derengipun punika mengesahi dumateng kita.

Sumangga kita sami silaturrahim nepangaken pasaderekan saling kunjung mengunjungi silaturrahim dumateng tiang sepah dumateng guru-guru, mubaligh lan bapak-bapak kyai lan dumateng tiang-tiang ingkang perlu dipun ziyarahi.

Sumangga kita jalin hubungan ingkan kiyat kita kiyataken tali pesaderekan antarwisipun umat Islam. Kita busek sedaya pasalayan lan kesalah pahaman, temuli kita gantos kanti saling pengertosan lan kita jalin kasih sayang sehingga nyoto sanget artosipun Idul Fitri (wangsal dumateng kesucian)
Kasebut wonten ing hadist Rasulullah dawuh mekaten

ثلاث من كن فيه حسبه الله حسابا يسيرا وأدخله الجنة برحمته قالوا وما هن يا رسول الله ؟ قال : تعطى من حرمك وفصل من قطعك وتعفو عمن ظلمك. وإذا فعلت ذلك تدخل الجنة.

Artosipun: ana telung perkoro kang sopo wonge ngamalake mesti Allah bakal ngisap ngamale kelawan hisab kang enteng lan Allah bakal ngelebaake suargo kelawan rahmate, Para sahabate nyuwun perso “panapa tegang perkawis duh Rasulullah ? Rasulullah paring jawaban :
Yaiku sira paweh wong kang ora tau paweh marang sira lan sira sambung paseduluran marang wong kang medotaken paseduluran marang sira. Lan sira gelem aweh pangapuro marang wong kang nganioyo marang siro menowo sira wis minda’ake telung perkoro iki meski siro bakal melbu swargo.

Kaum muslimin rahimakumullah

Sumangga sami wangsul dumateng Islam ingkang dados fitratullah, sumongga sam wangsul dumateng fitrah, anyucekaken samudayanipun, kados ing wekdal lahir saking guwo garbanging biyung anggenipuin suci saking dosa.

Nalika manungsa lahir namung bekta paparingipun Gusti Allah ingkang arupi panca driya, akal fikiran ingkang suci ngantos sinten ingkang ningali lare tansah katarik raos asih lan trisna jalaran saking nuripun kasucian ingkang dumunung wonten jiwane bayi, namung para syetan iblis ingkang sami nongkrong wonten ing sak piggiring margi kesucian, sami ngajak anarik angridu, ngantos boten sekedik putra adam ingkang sami kepenyut, keyuyun, wusana anggolong dumateng syetan perlu sageta tumut tumut rebutan reyahan pikantuk dum-dumaning kedoyan ingkang kebak kapalsuan lan kecerobohan.

Pramila sumangga sami jagi kesucianing pribadi, wangsul dumateng kelahiran ingkang suci, sarana nindakaken sekathaning amal usaha ingkang suci tur halal kedasaraken iman lan taqwa sarana dipun paesi endahing halal bihalal, raketing silaturrahim, ikhlasing shadakoh, supados gesangipun tansah sinongsongan barkah ridhanipun Allah. Amin amin amin.


KHUTBAH KEDUA

الله أكبر الله أكبر الله أكبر / الله أكبر الله أكبر الله أكبر / الله أكبر الله أكبر الله أكبر / الله أكبر كبيرا والحمد لله كثيرا وسبحان الله بكرة وأصيلا.
الحمد لله حمدا كثيرا كما أمر. أشهد أن لا إله إلا الله وحده لا شريك له ارغاما لمن جحد وكفر. وأشهد أن سيدنا ومولانا محمدا عبده ورسوله سيد الخلائق والبشر. صلى الله على سيدنا محمد وعلى اله وأصحابه وسلم تسليما كثيرا.
أيها الناس اتقوا الله حق تقاته ولا تموتن إلا وأنتم مسلمون وافعلوا الخير واجتنبوا السيئات. إن الله وملائكته يصلون على النبي.
ياأيها الذين أمنوا صلوا عليه وسلموا تسليما.
اللهم صل وسلم وبارك على سيدنا محمد وعلى اله وصحبه أجمعين والحمد لله رب العالمين.
اللهم اغفر للمؤمنين والمؤمنات والمسلمين والمسلمات الأحياء منهم والأموات إنك سميع قريب مجيب الدعوات.
اللهم انصر من نصر الدين واخذل وم خذل المسمين واجعل بلدتنا إندونسيا هذه بلدة طيبة تجرى فيها أحكامك وسنة رسولك يا حي يا قيوم.
اللهم ادفع عنا الغلاء والبلاء والوباء والفحشاء والمنكر والبغي والسيوف المختلفة والشدائد
 والمحن والفتن ما ظهر منها وما بطن من بلدنا هذا خاصة ومن بلدان المسلمين عامة. إنك على كل شيئ قدير.
ربنا اغفرلنا ولإخواننا الذين سبقونا بالإيمان ولا تجعل فى قلوبنا غلا للذين أمنوا ربنا إنك رؤوف رحيم.
ربنا آتنا فى الدنيا حسنة وفى الأخرة حسنة وقنا عذاب النار والحمد لله رب العالمين.
جعلنا الله وإياكم من العائدين الفائزين وأدخلنا وإياكم فى زخرة الشهداء والصالحين.
أعوذ بالله من الشيطان الرجيم . ولتكملوا العدة ولتكبروا الله على ما هداكم ولعلكم تشكرون. وقل رب اغفر وارحم وأنت خيرالراحمين.


والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته




Subscribe to receive free email updates: