Khutbah Idul Fitri Singkat: Membangun Ukhuwah Islamiyah Versi Bahasa Jawa
السلام
عليكم ورحمة الله وبركاته
الله أكبر × 9
الله أكبر كبيرا والحمد لله كثيرا
وسبحان الله بكرة وأصيلا. لا إله إلا الله ولا نعبد إلا إياه مخلصين له الدين ولو
كره الكافرون.
لا إله إلا الله وحده صدق وعده ونصر
عبده وأعز جنده وهزم الأحزاب وحده.
لا إله إلا الله والله أكبر الله أكبر
ولله الحمد.
الحمد لله رب العالمين والصلاة والسلام
علي سيد المرسلين سيدنا محمد وعلي آله وصحبه أجمعين.
أشهد أن لا إله إلا الله وأشهد أن محمدا
رسول الله. أما بعد:
فيا عباد الله اتقوا الله حق تقاته ولا تموتن إلا وأنتم مسلمون.
عباد الله إن يومكم هذا ليوم عظيم وعيد
كريم. أحل الله لكم فيه الطعام وحرم عليكم الصيام. يوم تسبيح وتهليل وتكبير وتعظيم
وتقديس وتمجيد فقال جل جلاله.
إن تقرض الله قرضا حسنا يضاعفه لكم
ويغفر لكم والله شكور حليم عالم الغيب والشهادة العزيز الحكيم.
Allahu Akbar Allah Maha
Agung
Dinten punika, dinten ingkang dipun agungaken dening ummat
Islam sak jagad, inggih punika dinten
Idul Fitri. Dinten punika dinten kemenangan kangge kita sedaya
kanggenipun sedaya ummat Islam, menang jalaran ummat Islam setunggal wulan
wetah, sak danguninng wulan Ramadan, nglampahi kewajiban siyam, tiyang Islam
dipun uji keimananipun, disiplinipun, ketabahanipun, mentalipun lan sak
pinunggalanipun.
Wonten dinten punika ummat
Islam dipun sunnahaken solat Id wonten masjid utawi tanah lapang, kanti ngangge
ageman ingkang paling sae lan resik ingkang dipun darbeni ugi ngangge wewangen
ingkang amrik arum lan wangi, kados ingkang kasebat wonten Hadith:
عن الحسن السبط قال: أمرنا رسول الله ص.م في العيدين أن نلبس
أجود ما نجد وأن نتطيب بأجود ما نجد وأن
نضحي بأثمن ما نجد. رواه الحاكم
Artosipun:
Hasan Assbt ngendika:
“Rasulullah saw. mrentah kita ing riyaya (Fitry lan
Kurban) supaya nganggo penganggo kang paling apik, lan wewangen kang paling
amrik, sarta kurban kewan kang paling larang (nalika Idul Adha}”.
Ummat Islam dipun sunnahaken
ngatahaken takbir, tahmid suka lan syukur,
nyuwun pangapunten dumateng sesami sarta ningkataken kadar silaturrahin.
Sak derengipun tindak
nglaksanakaken salat Riyadi Fitri dipun
sunnahaken dahar camilan kados ikang dipun tindakaken dening Kanjeng Nabi Muhammad, panjenenganipun dahar
kurmo kanti wilangan ganjil sak derengipun tindak Solat Id (hadith dipun
riwayataken Bukhari lan Ahmad)
Allahu Akbar, Allah Maha
Agung
Para Sederek ingkang minulya
Tahun punika ummat Islam
kathah nampi pacoban lan bilahi awit saking wujuding polahing alam kados
denten, lindu ageng kanthi kurban manungsa ingkang kathah, tanah longsor banjir
bandang ingkang ngrisak samubarang, angin lesus ingkang ngrubuhaken kekayon lan
griya, panyakit ingkang rekaos pengobatanipun kados denten Demam Berdarah, SAR,
Aids lan Flu Burung ingkang sak mangke sampun sumrambah dumateng meh sedaya
negari ing donya. Katahing bencana alam saged dipun sebabaken saking
kesalahaning manungsa utawi ugi saged kapancing dening dosaning tiyang katah.
Pacoban lintunipun inggih punika ingkang kasebabaken saking bejating akhlaq
manungsa ingkang arupi punapa kemawon umpaminipun: kathahing paeka lan
apus-apus, besel lan sogok, lelampahan ma lima
ingkang dados jamak lumrah ing masyarakat,
karupsi ingkang sampun wradin dumugi sembarang panggenan saking
tingkatan inggil ngantos tingkatan andap. Awit saking DPR, Kementrian, Mahkamah
Agung ngantos tingkatan andap wonten pedusunan ingkang arupi perampasan hak
fakir miskin: raskin lan arta kompensasi BBM,
bantuan korban bencana alam dipun korupsi dening para petugas lan tiyang
ingkang gadah kesempatan. Wonten babagan
hukum lan keadilan mboten saged dipun wujudaken. Saben tiyang ngiter
kepentingan pribadi piyambak piyambak mboten perduli dumateng kepentingan
tiyang sanes, malah seneng jejogedan suka pari suka ing sak nginggiling
jenazahipun sederek lan kanca. Ngraosaken kenikmatan saking kasengsaraning
tiyang, konco malah sederek piyambak, mbok bilih punika pratanda zaman manungsa
mangan manungsa sampun dumugi
Kanti jiwaning Riyadi Fitrah
punika saged kagambaraken kados pundi kahanan masyarakat ingkang makmur lan
sejahtera srawung antawising sesami ketingal akrab lan rukun. Ummat Islam ing
dinten punika dipun haramaken siyam dipun parengaken suka parisuka awujud
lelagon ingkang sae, ingkang mboten nggebal syara’ agami. Para
pakir miskin dipun ajak sami-sami seneng, bahan tetedan dipun cukupi pramila
ummat Islam ingkang mampu dipun wajibaken ngedalaken zakat fitrah kangge
nyuceni diri pribadi lan kangge nyantuni para sederek ingkang kekirangan.
Kanjeng Nabi Muhammad saw ngendika:
ليس بمؤمن من بات
شبعان وجاره إلي جنبه جائع وهو يعلم. (رواه الطبرانى و البيهقى وإسناده حسن)
“Ora
bisa digolongake wong iman, sing sapa bisa turu kepenak ananging tanggane
keluwen kamangka deweke weruh”.
Kewajiban njagi hubungan sae
kalian tangga tepalih mboten namung kapatrapaken ing dinten riyadi kemawon
ananging kangge selawasing gesang. Hubungan tali pasederekan antar sesami mboten
perlu pilih-pilih, ingkang miskin lan kekirangan malah kedah dipun rengkuh sak
sae saenipun.
Kados makaten
Islam memperhatosaken nasib kawula alit, njagi keseimbangan antawising sugih
lan miskin sahingga ketenteremaning masyarakat saged kawujudaken lan kajagi
kanthi saestu pramila keimanan umat Islam saged kapageri. Katah kedadosan
ingkang saged kita tingali ing masyarakat muslim miskin ingkang pindah agami
jalaran pikantuk iming iming beras, supermi, beasiswa sekolah, pedamelan utawi
punapa kemawon ingkang saged nutupi kebutuhan utawi kepinginanipun. Tiyang
miskin saged awujud; miskin bondo, miskin kesehatan, miskin gizi, miskin ilmu,
miskin pangertosan, miskin moral lan sedaya bentuk kemiskinan saged njalari
tipising iman lan cedak dumateng kekufuran. Kanjeng Nabi Muhammad ngendika
wonten hadithipun
كاد الفقر أن يكون
كفرا (رواه أبو نعيم)
“Meh wae kefakiran iku
ndadekake kekafiran”
Miskin banda
ananging suging kepenginan saged nggiring manungsa dumateng tumindak ingkang
nggebal syara’; nyolong, ngapusi, main, ngrampok, korupsi lan sak
pinunggalanipun. Miskin kesehatan ingkang mbetahaken pengobatan saged nggeret
manungsa tumindak kemusyrikan; nyuwun saras dumateng kayu watu, dukun
prewangan, ahli nujum, ahli ramal, tukang sulap, jin, setan, keris, jimat lan
sak konca kancanipun. Miskin ilmu lan pangertosan saged njlomprongaken tiyang
dateng tumindak bodo; nyembah reca,
nyembah manungsa lintunipun dados penjilat, nyembah brahala, nyembah hawa
nafsu, mangan barang batal lan haram, mboten percados dumateng suwargo neraka,
ingkang punika sedaya dados tumindake para kapir. Miskin moral saged njalari
tumindak jahat, daksia dumateng sak pada, kumalungkung, adigung adiguna, ora
ngerti sapa sira sapa imgsun.
Pramila ummat Islam dipun
wajibaken ngupadi ilmu wiwit lahir ngantos pejah, dipun wajibaken njagi
kesehatan, ngudi banda lan rizki. Wonten Al Qur’an dipun sebataken:
فإذا قضيت الصلاة
فانتشروا في الأرض وابتغوا من فضل
الله (الجمعة 10)
“Lamunto salat wis
bubar mangka pada sumebara ing lumahing bumi kanggo ngupadi rezkine
Allah”
Wonten
ajaran Islam tata cara ngupadi rizki dipun atur ngangge aturan ingkang sae
mboten kenging nyilakani tiyang lintu umpaminipun ngesuk galeng, ngurut gabah,
ngijo, nyolong toya, nyukat timbangan, nganakne duwit, udu buntut, ngingu
tuyul, nyadran lan sak padanipun. Wonten ing babagan sesrawungan lan petungan
dol tinuku dipun anjuraken supados sami gampilipun, kados kasebat wonten hadis
bilih Gusti Allah ngasihi tiyang ingkang lembar manah sarta gampil srawung lan
petung.
عن جابر بن عبد الله
رضي الله عنهما أن رسول الله صلي الله عليه وسلم قال: رحم الله رجلا سمحا إذا باع
وإذا اشتري وإذا اقتضى (رواه البخاري والترمذي وابن ماجة )
“Dipun riwayataken saking Jabir bin
Abdullah r.a. rasulullah s.a.w. ngendika: “Gusti Allah ngasihi wong kang
gampang yen adol lan gampang yen tuku sarta gampang nampa keputusan” (HR Turmudzi lan ibn
Majah)
Allahu Akbar
Kanjeng nabi Muhammad s.a.w.
ngajari para penderekipun kados pundi ngupadi rizki; umat Islam kedah manut
sunnahipun Allah ingkang awujud sebab akibat, pramila sedaya kedah lumampah
kanthi wajar lan tinemu nalar. Ngupadi rizki sak kiyatipun sampun ngantos
anggenipun usaha ngantos kelangkung langkung; suku dados sirah, sirah dados
suku, siang dados dalu dalu dados siang, ingkang leres sedaya punika tetep
manggon wonten panggenanipun piyambak-piyambak. Kosok wangsulipun ugi klentu
tiyang kepengin banda katah, rizki melimpah ananging namung tenguk-tenguk
nglamun lan ngundamana Pangeran tanpa usaha punapa punapa kados kasebataken
wonten salah setunggaling hadith:
لا
يقعدن أحدكم عن طلب الرزق ويقول: اللهم ارزقني ! وقد علم أن السماء لا تمطر ذهبا
ولا فضة
“Aja pisan pisan kowe sila lungguh
tenguk-tenguk karo nyenyuwun; Duh Pangeran mugia Panjenengan paring rizki
dumateng kawula! Setuhune deweke ngerti menawa langit ora bakal udan emas utawa
perak”
Allahu Akbar
Para Jama’ah ingkang minulya
Wonten surat Al Anfal kasebataken
واعلموا أنما أموالكم
وأولادكم فتنة وأن الله عنده أجر عظيم (الأنفال 28)
“Pada ngertiya menawa setuhune banda lan anakmu
iku dadi fitnah, setuhune Allah kagungan ganjaran kang agung”
Penyebab
perselisihan lan perpecahan ingkang paling katah inggih punika raja brana,
banda donya. Banda saged ndadosaken tiyang romaos unggul, kuwasa, duwur
drajate, abadi, gumedhe lan sak pinunggalane. Jalaran banda saged ndadosaken
tiyang iri, drengki, tamak, kepengin handarbeni. Cekaking rembag banda donya
sering nyebabken bencana lan perselisihan senajan tunggal dulur, tunggal agama,
lan tunggal bangsa.
Agami kita sanget sengid
dumateng perselisihan, sedaya ummat beriman punika dados sederek
إنما المؤمنون
اخوة (الحجرات 10)
“Setuhune wong iman iku sedurlur” (Al Hujurat 10)
المؤمن
للمؤمن كالبنيان يشد بعضه بعضا
“Setuhune wong iman iku kaya dene bangunan kang pada ndadekake
kuat”
Tiyang
mukmin kaibarataken bangunan ingkang sedaya bagianipun sesarengan sami
ngiyataken lan ngukuhaken. Menawi bangunan nggadahi perangan ngandap, tengah
lan inggil, alit, ageng lan sedengan; bentuk segi empat, segi tiga, kerucut,
tanpa bentuk sedaya saged manggen wonten panggenaipun piyambak-piyambak,
punika njalari kukuhing bangunan.
Semanten ugi manungsa wonten masyarakat mu’min ingkang kathah corak ragamipun
menawi saben tiyang punika manggen wonten panggenanipun piyambak-piyambak,
tebih saking iri lan dengki, yektos
masyarakat punika saged kiyat lan enggal nggayuh masyarakat adil makmur,
baldatun thoyibatun wa rabbunn ghofur.
Idul
Fitri punika ngemu printah persatuan lan pasederekan. Mangga kita ing dusun
Gontor kelebet ingkang wonten ing kampus
Pondok Modern Darussalam punika tansah saged njagi persatuan kangge mbangun
dusun kita kangge nggayuh kemajuan lan
kesejahteraan donya lan akherat Persatuan lan pasederekan saged kawujudaken
menawi kita tansah manut aturan agami ningali sesamining manungsa sami drajatipun,
ninggalaken sedaya ingkang beda nebihi fitnah lan drengki mboten ngina sak
pada-pada, kados kasebat wonten Al Qur’an Surat Al Hujurat ayat 11 :
يا أيها الذين آمنوا
لا يسخر قوم من قوم عسي أن يكونوا خيرا منهم ولا نساء من نساء عسي أن يكن خيرا
منهن ولا تلمزوا أنفسكم ولا تنابزوا بالألقاب بئس الاسم الفسوق بعد الإيمان ومن لم
يتب فأولئك هم الظالمون. (الحجرات 11)
“He wong kang pada iman, aja pisan-pisan salah
sijine kaum lanang ngina kaum lanang liyane, bisa uga sing di ina luwih becik
tinimbang sing diina, lan aja pisan pisan kaum putri ngina marang kaum liyane
bisa uga sing diina luwih apik tinimbang sing
ngina. Lan aja ngundang nganggo
jeneng julukan, sak ala alaning jeneng yaiku jeneng sak wuse iman (dijenengi
fasik, kafir lan liya liyane) lan sapa wonge kang ora gelem tobat deweke iku
klebu gilongane wong kang pada dholim”
Wonten ayat 13 kesebataken
يا أيها الناس إنا
خلقناكم من ذكر وأنثي وجعلناكم شعوبا وقبائل لتعارفوا إن أكرمكم عند الله أتقاكم
إن الله عليم خبير. (الحجرات 13)
“He
para manungsa Ingsun wus nyiptakake kowe kabeh saka lanang lan wadon, lan uga
ndadekake kowe kabeh bangsa bangsa lan suku suku supaya kowe kabeh pada kenal, setuhune sing paling mulya ing
antarane kowe kabeh mungguhing Gusti Allah yaiku sing paling takwa, setuhune
Gusti Allah Maha wuninga lan Maha magerti”
Allahu Akbar
Para Jamaah Salat Idul Fitri
ingkang minulya
Saking awal khutbah ngantos
akhir khutbah saged kita pendet pelajaran:
1.
Idul Fitri nggadahi pesan kedilan, persatuan,
perdamain, paseduluran sarta persamaan
2.
Perdamaian lan persamaan saged dipun wujudaken
ngangge silaturrahim lan sifat gampil paring pangapunten sarta nebihi sifat linangkung lan adigung.
3.
Silaturrahim lan sifat pemaaf nggiring ummat
dumateng wujud bangunan masyarakat ingkang kiat, adil lan
makmur.
4.
Tujuan akhir inggih punika mujudaken agami Islam
ya’lu wala yu’la alaih, sarta dados
rahmatan lill’alamin.
جعلنا الله وإياكم من
الفائزين الآمنين وأدخلنا وإياكم في زمرة الموحدين. أعوذ بالله من الشيطان الرجيم.
إن تقرض الله قرضا حسنا يضاعفه لكم ويغفر لكم والله شكور حليم عالم الغيب والشهادة
العزيز الحكيم وقل رب اغفر وارحم وأنت خير الراحمين.
KHUTBAH KEDUA
الله اكبر × 6 الله
اكبر كبيرا والحمد لله كثيرا وسبحان الله بكرة وأصيلا. الحمد لله العليم الحليم
الغفار, العظيم القهار, الذي لا تخفي
معرفته علي من نظر في بدائع مملكته بعين الاعتبار. وأشهد أن لا اله إلا الله وحده
لا شريك له شهادة من شهد بها يفوز في دار القرار. وأشهد أن محمدا عبده ورسوله صلي
الله عليه وسلم وعلي آله وأصحابه الطاهرين الأخيار وسلم تسليما كثيرا. أما بعد:
فيا أيها الناس اتقوا
الله وأطيعوا الله وأطيعوا الرسول وأولي الأمر منكم إن الله وملائكته يصلون علي
النبي يا أيها الذين آمنوا صلوا عليه وسلموا تسليما. اللهم صل وسلم علي سيدنا محمد
وعلي آله وصحبه والتابعين وارض عنا معهم برحمتك يا أرحم الراحمين. اللهم اغفر
للمؤمنين والمؤمنات والمسلمين والمسلمات الأحياء منهم والأموات. اللهم ادفع عنا
الغلاء والبلاء والفحشاء والمنكر والجدب والقحط والوباء والسيوف المختلفة والشدائد
والمصائب والدين والمرض والمحن والفتن ما ظهر منها وما بطن من بلدنا هذا خاصة ومن
بلدان المسلمين عامة انك علي كل شئ قدير. ربنا اغفر لنا ولإخواننا الذين سبقونا
بالإيمان ولا تجعل في قلوبنا غلا للذين آمنوا ربنا إنك رؤوف رحيم.
والسلام عليكم ورحمة
الله وبركاته.