Khutbah Idul Fitri: Aqidah Versi Bahasa Jawa

Kata9.com- Khutbah Idul Fitri dalam bahasa Jawa tentang aqidah kita terhadap Allah SWT, bagaimana ibadah anda setelah menjalankan ibadah puasa Ramadhan semoga anda dalam keadaan suci atau kembali ke fitri.
KHUTBAH PERTAMA

السلا م عليكم ورحمة الله وبركاته
الله أكبر 3 × الله أكبر 3 × الله أكبر3 ×
الله أكبر فوق كل من تكبّر و تجبّر
الله أكبر فوق كل من أشرك و أنكر
الله أكبر , كل من سوي الله أصغر
الحمدلله ربّ العالمين , حمداً يوافي نعمه ويكافي مزيده يا ربّنا لك الحمد لجلال وجهك و لعظيم سلطانك.
اشهد أن لا إله إلاّ الله وحده لا شريكله , واشهد أنّ محمداً عبده ورسوله.
اللّهمّ صلّ وسلّم علي عبدك و رسولك محمد و علي آله و أصحابه اجمعين إلي يوم الدين .
أمّا بعد فيا أيهاالناس اتقوا الله عباد الله . أن يومكم هذا يوم عظيم , و عيد كريم فرّضه ربّ رحيم . ختم به شهر الصيام وأحل لكم فيه الطعام. وحرّم عليكم الصيام يوم تسبيح و تهليل و تعظيم و تقديس و تحميد.
عظّم الله حرمته و بسط به بركاته و نشر فيه رحمته , في هذا اليوم العظيم الّذي عسي كثير منكم لا ينال بعد عامه هذا .فإن الله ذاكر من ذكره وعائد من شكره , و معذب من كفره .الله أكبر  الله أكبر الله أكبر .
فقال جلّ جلا له :إن تقرضوا الله قرضا حسنا يضاعفه لكم و يغفرلكم و الله شكور عليم .عالم الغيب و الشهادة العزيز الحكيم.
Sidang 'id ingkang kinasih….

Kumandang takbir lan tahmid wiwit serapipun surya kala wingi sonten hingga wekdal sakmeniko pindo jawah deres ingkang gemrujuk saking langit mertandakaken bilih tiang islam sak indenging jagad samiyo ikrar datang gusti Alloh  ngerumaosi bilih sedoyo makhluk ing lumahing bumi kureping langit .Wiwit kutu-kutu walang aloga ngantos dumugining manungsa ringkih lan alit . Mboten wonten ingkang kadunungan sifat agung kejawi namung gusti Alloh ingkang Maha Agung .

الله أكبر 3 ×
            Menawi kalimat ingkang cekak tur gampil meniko kita ucapaken lan kita gallih kanthi weninging manah, saha kita ucapken lahir tumusing butin temtu mbabar doyo pangaribawa ingkang ageng . Liri pun saget nuwuhaken watak andap asor . Tuwin tepo  seliro  sasamining manungsa ,mbucal watak takabbur , sombong gumade kumalungkung hadigang hadigung  hadiguna .Wosipun sedoyo tansah tumanduk lan dedepe ing ngarsanipun .Sebab manungsa meniko derajati pun sami .Sami – sami kawulanipun gusti Alloh , ingkang alit lan ringkih menggahing Alloh SWT.

لا إله إلاّ الله ..........
" Mboten wonten gusti ingkang sinembah kejawi namung gusti Alloh…"

            Kalimat meniko kedah mbabar doyo kekiyatan tumrap jiwaning manungsa .Ingkang tumuju dumateng istiqomah, jelek lan mantep anggenipun tansah manembah .Liripun mboten gampil kagoyahaken aqidah lan imanipun.Sebab sajatining gesang meniko namung berjuang kagem mempertahankan aqidah

 إن الحياة عقيدة و جهاد
              
  Aqidah muruaken perkawis ingkang rawan tur gawat , menawi manugsa nyeleweng aqidahipun mustahil menawi saget wangsul dateng adamipun menika wonten ing suwargo , mila suwarga meniko pinangka tujuan akhir tumrapipun manungsa.
            Syarat utami kagem wangsul dateng suwarga mboten sanes inggih aqidah ingkang suci , mila kalimat meniko kedah saget ngicali raos was sumelang , raos ajrih , wedi dateng sesamining ngagesang.

الله أكبر 3 × لا إله إلاّ الله و الله أكبر و لله الحمد.
Sidang 'id Rahimakumullah …..
            Kalimat ingkang pungkasan kala wahu pinongko  panutup wonten waosan takbir ingkang artosipun , sedoyo puji kagunganipun gusti Alloh , manungsa mboten kadunungan saha mboten gadah hak kita puji , pintero jaro langit  , sugiha ngungluri qorun .Meniko kalowahu mboten saget kabadingaken kalian gusti Alloh SWT piyambak.
Conto ingkang gampil senaosa manungsa ing jaman modern meniko saget nyangkok jantung , paru-paru lan ginjal menawi Alloh sampun ndangu dateng tiang kalawahu murih wangsul wonten ngarsanipun , sinten inkang saget ngalang-ngalangi , dokter ahli , dokter spesialis babar pisan mboten saget .
وما أوتيتم من العلم إلاّ قليلاً..........
" Ingsung ora paring marang sira kabeh ilmu kejobo mung sethithik …."
Sidang 'Id Rohimakumulloh.....

            Jelas lan gamblang tumrap kita sami bilih kalimat takbir tahlil lan tahmid , ingkang kita ucapaken kalawahu mangga sami-sami kita mangertosi kanthi artos sak leres-leresipun , mboten namung slogan ingkang kaucapaken wonten lambe kemawon , ning kedah kita yakini wonten sak lebeting ati , murih dados senjata ingkang ampuh , ingkan saget mbrantas tahayul lan kurofat , ing pangajap kula lan pajenengan sami saget wangsul wonten ngarso dalem gusti Alloh kanthi khusnul khotimah mbeto iman ingkang suci.
Sidang 'Id Kalimakumulloh….

            Kula lan panjenengan sami lumebet wonten tanggal 1 Syawwal sinebut Idhul Fithri ingkang artosipun wongsul dumateng fitroh,tamtunipun kula lan panjenengan sami nembe' medal saking gemblengan ingkang awrat ,ibarat wesi nembe' dipun tempa,ibarat ageman nembe' dipun cuci ,ing wasana mbalik dados anyar lan resik ,resik ing tata atine saha batine ,mila siyam ingkang kita tindakaken sak wulan wetah meniko , minangka ujian ingkang awrat , mboten namung nyegah dahar lan ngunjuk , ananging meper hawanafsu angkara ingkang tumuju ing kasengsaran , meniko yektosipun ingkang penting , wonten sak lebetipun nindakaken siyam.

            Sebab Rosululloh paring dawuh :

كم من صائم و ليس من صيامه إلاّ الجوع و العطس....
" Akeh wong pasa ananging saka pasane mahu ora nampa ganjaran babar pisan kejobo luwe lan ngelak.."
            Karanten menika jelas tumrap kula lan panjenengan sami bilih hakekat lan tujuan siyam ingkang kita tindakaken  " membentuk manusia ingkang berkualitas , manusia seutuhnya utawi manusia yang bertaqwa kepada Alloh SWT "
Kanthi siyam kedah saget nuwuhaken jiwa keikhlasan kula lan panjenengan sami , ikhlas nilaraken dahar lan ngunjuk ing siange wulan ramadhon , senajan ingkang dipun dahar lan kita unjuk meniko wonten tur halal , ananging kula lan panjenengan sami ikhlas nilaraken , namun sadereng anggen kita tunduk lan setiyo  tuhu nindakaken perintahipun gusti Alloh SWT , ing mangka ikhlas menika murukaken nyawanipun amal

الإخلاص روح العمل..
" Ikhlas meniko nyawane tumindak ".

            Menawi amal kita kalawahu mboten linambaran sarana ikhlas mboten wonten artosipun babar pisan menggahipun Alloh SWT. Kanthi ikhlas ketela dereng cekap menawi mboten sinaretan kejujuran .Sebab wonten Al-Qur'an sampun dipun dawuhaken :

مخلصين له الدين حنفاء...

                Wonten sak lebeting siyam kalawahu sampun katanemaken kejujuran ingkang salangkung hebat .Cobi panjenengan galih ! Rikala nindakaken siyam wancine beduk nelrandang taksih makarya wonten sabin kagemkadang tani , mucal murid kagem para guru, gorokanipun garing ngosrong raosipun, sak umpami mlebet kamar ngunjuk lan dahar sinten ingkang pirso ?
            Ananging kula lan panjenengan pantang nindakaken perkawis meniko, ingkang sedoyo kalawahu namung kadereng raos ajrih wonten ngarso dalem gusti Alloh SWT , sak umpami sifat kekalih kalawahu katancepaken wonten jiwanipun kaum muslimin , ingkang dados guru iklas lan jujur anggenipun  nindakaken pakaryanipun , mboten namung mburu gaji lan honor , kawula yakin mboten namung donyanipun kemawon ingkang pikantuk ganjaran saking ngarso dalem gusti Alloh SWT , sak walikipun , menawi amalan kalawahu namung katujukaken dateng gaji lan honor kemawon inggih namung meniko bagian nipun , akhiratipun kosong .
            Jumbuh kalihan dawuhipun gusti Alloh wonten surat Asy - Syura ayat 20:

من كان يريد حرث الأخرة نزدله في حرثه , و من كان يريد حرث الدنيا نؤته منها وما له في الآخرة من نصيب      ( الشوري : 20 )
" Sopo wonge kang ngepinginake ganjaran akhirat mula gusti Alloh bakal nambah ganjaran mahu , lan sopo wonge kang ngepinginake ganjaran dunya, mula Alloh bakal paring marang wong mau .Sebagian alit saka ganjaran dunya , lan deweke ora bakal nampa babar pisan ganjaran akhirat" ( Asy-Syura : 20 )

الله أكبر 3 × و لله الحمد ...

Sidang 'Id rohimakumulloh….
            Wonten sak lebeting idul fitri meniko, kula lan panjenengan sami dipun anjuraken silaturrohim halal bihalal , ngapura sinapura dumateng sesamining muslimin , ingkang sedaya kalawahu saget nambahi rumaketing pasederekan ingkang tumuju dumateng kesatuan lan persatuan.
            Kalepatan menggahing gusti Alloh sampun kita suwanaken pangapunten sak dangunipun sewulan wetah wonten sak lebetipun wulan romadlon , khanti ngathah – ngathahaken maos istigfar , sholat tarawih , sholat witir saha ibadah sanes-sanesipun .Mila sumanga kula lan panjenengan sami ngelebur kalepatan tumrap sesamining gesang , murih saget wangsul dateng fitrahipun piyambak-piyambak , suci lahir lan bathin saking sedaya kaluputan . Amin…..

Dawuh pangandikanipun Rosululloh SAW :

ثلاث من كنّ فيه حسبه الله حسابًا يسيراً, و أدخله الجنة برحمته , من هنّ يا رسول الله ؟ تعطي من حرمك , تصل عمّن قطعك , تعفو عمّن ظلمك ,من فعل ذالك أدخله الجنة برحمته.

" Telung golongan antarane sira kabeh kang di gampangake hisape dening gusti Alloh lan di lebokake suwargo ginowo sih kawelasan.Sinten tigang golongan wahu duh Rosululloh? Siro peparing marang sapa wahe kang durung nate paring opo-opo marang sira , silaturrohmi marang wong kang nyatru sira , paring pangapura marang wong kang tansah aniaya marang sira .Sopo wonge kang nglakoni telung perkara mahu bakal dilebokake suwarga , ginawa sih kawelasanipun gusti Alloh SWT."
Pinutuping khutbah , monggo sami asesanti …

"إنّ صلاتي و نسكي و محيايا و   مماتي لله ربّ العالمين "

" Mugi-mugi sholat kita , ibadah kita , gesang saha pejah kita namung sumarah ing ngarso dalem gusti Alloh SWT "     Amin…Amin…Yaaa Robbal 'Alamin….

بارك الله لي ولكم  بالقرآن العظيم ,و نفعني و إيّاكم بما فيه من الأيات و الذكر الحكيم , و تقبّل الله منّي و منكم تلاوته , فاستغفروه إنّه هو الغفور الرّحيم .

KHUTBAH KEDUA

الله اكبر × 6 الله اكبر كبيرا والحمد لله كثيرا وسبحان الله بكرة وأصيلا. الحمد لله العليم الحليم الغفار,  العظيم القهار, الذي لا تخفي معرفته علي من نظر في بدائع مملكته بعين الاعتبار. وأشهد أن لا اله إلا الله وحده لا شريك له شهادة من شهد بها يفوز في دار القرار. وأشهد أن محمدا عبده ورسوله صلي الله عليه وسلم وعلي آله وأصحابه الطاهرين الأخيار وسلم تسليما كثيرا. أما بعد:
فيا أيها الناس اتقوا الله وأطيعوا الله وأطيعوا الرسول وأولي الأمر منكم إن الله وملائكته يصلون علي النبي يا أيها الذين آمنوا صلوا عليه وسلموا تسليما. اللهم صل وسلم علي سيدنا محمد وعلي آله وصحبه والتابعين وارض عنا معهم برحمتك يا أرحم الراحمين. اللهم اغفر للمؤمنين والمؤمنات والمسلمين والمسلمات الأحياء منهم والأموات. اللهم ادفع عنا الغلاء والبلاء والفحشاء والمنكر والجدب والقحط والوباء والسيوف المختلفة والشدائد والمصائب والدين والمرض والمحن والفتن ما ظهر منها وما بطن من بلدنا هذا خاصة ومن بلدان المسلمين عامة انك علي كل شئ قدير. ربنا اغفر لنا ولإخواننا الذين سبقونا بالإيمان ولا تجعل في قلوبنا غلا للذين آمنوا ربنا إنك رؤوف رحيم.     

والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته.

Subscribe to receive free email updates: