khutbah Jumat Untuk Pekan Ini Versi bahasa Jawa: PANGGAH ISTIQOMAH BA’DA RAMADHAN

 

إنَّ الـحَمْدَ لِلّهِ نَـحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا أَشْهَدُ أَن لاَّ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُـحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُه ﺍَﻟﻠﻬُﻢّ ﺻَﻞّ ﻭَﺳَﻠّﻢْ ﻋَﻠﻰ ﻣُﺤَﻤّﺪٍ ﻭَﻋَﻠﻰ ﺁﻟِﻪِ ﻭِﺃَﺻْﺤَﺎﺑِﻪِ ﻭَﻣَﻦْ ﺗَﺒِﻌَﻬُﻢْ ﺑِﺈِﺣْﺴَﺎﻥٍ ﺇِﻟَﻰ ﻳَﻮْﻡِ ﺍﻟﺪّﻳْﻦ فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، اِتَّقُوا اللهَ مَا اسْتَطَعْتُمْ قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ اْلكَرِيْمِ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا .
Para jama’ah Shalat Jum’at rahimakumullah.
Mangga kita samya ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT awit kathahipun nikmat ingkang tansah kaparingaken dhumateng kita sedaya. Sholawat lan salam mugi tansah dipun tetepaken dhumateng panutan kita, Nabi Muhammad SAW. Saklajengipun, kula ngajak pribadi kula, ugi para jamaah kinen tansah ngrembakaaken keimanan saha ketaqwaan kita dhumateng Allah SWT. Mugi-mugi ngantos puput yuswa, kita tansah pinaringan tetep iman, Islam, taqwa saha seda kanthi husnil khotimah.


Para jama’ah rahimakumullah.
Wonten kisah inspiratif ngengingi lampah istiqomah Abdullah bin Ummi Maktum. Nenggih sahabatipun Rasulullah SAW ingkang kaganjar wuta. Sinaosa cacat raga amergi wuta, panjenenganipun kagungan tindak lampah utami arupi ajeg utawi istiqomah nindaaken sholat wajib gangsal wekdal kanthi berjamaah wonten masjid. Abdullah tansah kemutan pangandikan Rasulullah SAW, bilih sak sintena tiyang mireng adzan pramila prayogi enggal tumuju masjid sinaosa kanthi lumampah mbrangkang.
Setunggaling dinten, rikala Abdullah tindak tumuju masjid kagem nindaakan sholat subuh, panjenenganipun dhawah. Sukunipun tatu saha medal rahipun. Ewa semanten Abdullah panggah nerasaken lampah tumuju masjid. Raos sakit pun singkur keranten kagungan niat gembleng badhe nindaaken dhawuhipun Rasulullah SAW.
Dinten candakipun, wonten pawongan enem nyegat Abdullah saha ngandharaken ancas badhe nuntun Abdullah tindak tumuju masjid. Abdullah sarujuk dhateng tawaran pawongan wau. Tundhonipun, makaping-kaping dinten Abdullah tindak masjid kanthi katuntun pawongan kasebat.
Abdullah Ummi Maktum ngendika, “Sak janjane kowe ki sapa, kok pendhak dina nuntun aku tumuju masjid ? Merga kebecikanmu, aku pingin ndongakke kowe”
“Mboten penting panjenengan pirsa nami kula”, jawab pawongan sang penuntun.
Midhanget jawaban menika, Abdullah Ummi Maktum lajeng ngendika, “Menawa kowe ora gelem blaka sapa sejatine kowe iku, mula kowe ora usah nuntun aku maneh”. Sinareng mireng pangandikan Abdullah ingkang pungkasan, pawongan wau lajeng purun mbikak jati dirinipun. “Sakjane aku ki setan”, celathunipun. Abdullah kaget sanget dalah cingak dhateng pengakuan pawongan menika. “Apa sebabe syetan kok gelem nuntun uwong arep neng masjid ?”. Syetan lajeng njawab, “Apa kowe ora kelingan rikalane kowe tiba ana wektu subuh arep menyang masjid ? Wektu kui, sebab tibamu, Gusti Allah ngapura separo saka dosa-dosamu. Aku pendhak dina nuntun kowe tumuju masjid kanggo njaga supaya kowe ora tiba maneh kang njalari kabeh dosamu diapura Gusti Allah”. Keranten mangertosi kautamen tindak dhateng masjid kasebat, Abdullah Ummi Maktum sansaya semangat kagem istiqamah nindaaken amalan mekaten.
Para jama’ah rahimakumullah.
Istiqomah injih menika setunggalipun reka daya murih jejeg dalah lempeng wonten merginipun Allah SWT. Tiyang ingkang istiqomah mboten badhe gingsir dalah goyah wonten sadhengah kahanan. Tiyang ingkang istiqomah tansah nindaaken setunggalipun perkawis linambaran raos pitados datheng agengipun manfaat saha kautamen perkawis kasebat. Islam tuhu nyuperih dhateng sedaya kaum muslimin lan muslimat kinen tansah ngugemi sifat istiqomah kados dene nasehat Rasulullah SAW dhateng Sufyan bin Abdullah Atsaqofiy:
عَنْ سُفْيَانَ بْنِ عَبْدِاللهِ الثَّقَفِي رَضِيَ اللهُ عَنْهَ , قَالَ: قُلْتُ يَارَسُوْلَ اللهِ , قُلْ لِيْ فِيْ اْلإِسْلاَمِ قَوْلاً , لاَ أَسْأَلُ عَنْهُ أَحَدًاغَيْرَكَ. قَالَ: قُلْ آمَنْتُ بِاللهِ , ثُمَّ اسْتَقِمْ . رواه مسلم
Riwayat saka Sufyân bin ‘Abdillâh ats-Tsaqafi Radhiyallahu anhu. Sufyan ngendika: “Aku matur, Ya Rasulullah mugia paduka kersa paring nasehat kangge kula babagan Islam ingkang mboten badhe kula suwunaken pirsa dhateng tiyang sanes. Rasulullah ngendika, “Ngucapa, aku percaya marang Allah Azza wa Jalla. Nuli istiqomaha”.
Ngengingi pentingipun istiqomah, ngantos kula panjenengan sami asring nyuwun supados Gusti Allah paring pitedah tumuju mergi ingkang jejeg utawi istiqomah. Pinyuwunan kasebat kita waos wongsal wangsul wonten surat Al-Fatihah ingkang kita waos paling sekedhik kaping pitulas saben dintenipun.
Ma’asiral Mukminin rahimakumullah,
Ramadhan sampun ndhidhik saha nyithak kula panjenengan sami dados kawulanipun Allah SWT ingkang tansah istiqomah. Mangga pun pirsani, kados pundi enthengipun kita ngeker nafsu dhahar lan ngunjuk dalah perkawis-perkawis ingkang mbatalaken shiyam. Pun pirsani ugi kados pundi ajegipun kita nindaaken shalat tarawih pendhak dalu, maos dzikir, tilawah Al-Quran saha i’tikaf. Kita ugi ngraosaken entheng ngedalaken infaq tuwin shodaqoh. Wonten wulan ingkang kebak berkah menika, kita ugi dados insan-insan ingkang tangguh psikis tuwin nuraninipun. Mboten gampil duka saha emosi ngadhepi perkawis ingkang mboten ngremenaken. Tiyang ingkang nindaaken shiyam ugi kaparingan entheng nilar tradisi ghibah utawi ngrasani.
Emanipun, sikap istiqomah ingkang sampun pun krembakaaken sewulan natas kasebat kados-kados luntur, nguap tuwin ical sinareng telasipun dinten-dinten wulan Ramadhan. Sak perangan ageng saking umat Islam wangsul malih dhateng kebiasaan-kebiasaan ingkang kirang sae kados dene wekdal-wekdal sak derengipun Ramadhan.
Kaum muslimin rahimakumullah.
Saklajengipun, penting pun aturaken sak perangan nasehat para ulama wonten mriki supados kita saget tansah istiqomah:
Sepisan, penting sanget kita mangertosi dalil-dalil syar’i ingkang nedahaken mendah utaminipun setunggaling amalan sahingga kita rumaos keduwung menawi mboten saget nindaaken. Kaping kalih, kita kedah sadar bilih gesang wonten akhirat sak mangke sak jeg jumlek alias sak lami-laminipun. Kanthi mekaten saestu mbetahaken sangu ingkang kathah sanget. Kaping tiga, tansah kemutan kaidah “al-jazaa’ min jinsil ‘amal” (Balesan iku sak trep karo tumindak kang dilakoni). Lir ripun, ganjaran saking Gusti Allah badhe pun paringaken saklangkung kathah kagem tiyang-tiyang ingkang saget istiqomah. Kaping sekawan, sesrawungan kaliyan sedherek-sedherek ingkang sampun kabukten saget istiqomah. Kanthi mekaten labet utawi asar positif saget nular dhumateng kita sedaya. Wondene ingkang pungkasan, tansah nyuwun kekiyatan dhumateng Allah SWT supados saget tansah istiqomah fi sabilillah.
ﺃَﻗُﻮْﻝُ ﻗَﻮْﻟِﻲْ ﻫَﺬَﺍ ﺃَﺳْﺘَﻐْﻔِﺮُ ﺍﻟﻠﻪَ ﺍﻟْﻌَﻈِﻴْﻢَ ﺇِﻧّﻪُ ﻫُﻮَ ﺍﻟْﻐَﻔُﻮْﺭُ ﺍﻟﺮّﺣِﻴْﻢِ
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ كَانَ بِعِبَادِهِ خَبِيْرًا بَصِيْرًا، أَشْهَدُ اَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وأَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وُرَسُولُهُ الَّذِيْ بَعَثَهُ بِالْحَقِّ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا، اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. أَمَّا بَعْدُ؛ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَقُوا اللهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَا قَدَّمَتْ لِغَدٍ وَاتَّقُوا اللهَ إِنَّ اللهَ خَبِيْرٌ بِمَا تَعْمَلُوْنَ. ﺇِﻥَّ ﺍﻟﻠﻪَ ﻭَﻣَﻼَﺋِﻜَﺘَﻪُ ﻳُﺼَﻠُّﻮْﻥَ ﻋَﻠَﻰ ﺍﻟﻨَّﺒِﻲِّ، ﻳَﺎ ﺃَﻳُّﻬﺎَ ﺍﻟَّﺬِﻳْﻦَ ﺀَﺍﻣَﻨُﻮْﺍ ﺻَﻠُّﻮْﺍ ﻋَﻠَﻴْﻪِ ﻭَﺳَﻠِّﻤُﻮْﺍ ﺗَﺴْﻠِﻴْﻤًﺎ .ﺍَﻟﻠَّﻬُﻢَّ ﺻَﻞِّ ﻋَﻠَﻰ ﻣُﺤَﻤَّﺪٍ ﻭَﻋَﻠَﻰ ﺁﻝِ ﻣُﺤَﻤَّﺪٍ اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَ الْمُسْلِمَاتِ وَ الْمُؤْمِنِيْنَ وَ الْمُؤْمِنَاتِ اَلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَ اْلأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ فَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ . اَللَّهُمَّ إِنَّكَ عَفُوٌّ تُحِبُّ الْعَفْوَ فَاعْفُ عَنَّا رَبَّنَا لاَ تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَ هَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّابُ. رَبَّنَا أَتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَ الْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ


Dening: Marsudi Iman

Subscribe to receive free email updates: