Khutbah Hari Raya Idul Fitri Berbahasa Jawa: SIKAP PINUJI RIKALA PANDEMI

الحَمْدُ للهِ الَّذِيْ أَنْزَلَ السَّكِيْنَةَ عَلَى قُلُوْبِ اْلمُسْلِمِيْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ الْمَلِكُ اْلحَقُّ اْلمُبِيْنُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الصَّادِقُ الْوَعْدِ الأَمِيْنِ. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلمِّ عَلَى مُحَمَّدٍ المَبْعُوْثِ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَا بِهِ وَالتَّابِعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ. فَيَاَيُّهَا اْلإخْوَانُ، أُوْصِيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ، قَالَ اللهُ تَعَالَى: أَعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ، يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
Jama’ah shalat Id rahimakumullah,
Minangka khatib, keparenga kula wasiat dhateng pribadi kula piyambak nyumrambahi kagem para jamaah, kinen tansah ngrembakaaken keimanan dalah ketaqwaan kita dhumateng Allah SWT. Jer, namung kanthi iman lan taqwa, kita saget nggayuh panggesangan ingkang mulya wonten donya menapa dene akhirat.



Para Jama’ah ingkang kinormatan,
Ngantos titi wanci menika pandemi Covid 19 dereng saget kabrasto kanthi tuntas. Kepara sangsaya ngrembaka. Tlatah ingkang mlebet kategori abrit sansaya kathah. Adhedhasar babagan menika, pemerintah Indonesia damel kebijakan awisan mudik lebaran warsa 2021 menika.
Pandemi Covid ingkang kita adhepi wekdal menika saklangkung prayogi kita anggep pacoben saking Gusti Allah SWT. Mbok bilih awit sifat kumalungkung saha kesalahan-kesalahan menungsa, wabah kasebat saget kedadosan. Allah SWT paring pangandikan wonten surat Ar-Rum ayat 41:
ظَهَرَ الْفَسَادُ فِى الْبَرِّ وَالْبَحْرِ بِمَا كَسَبَتْ أَيْدِى النَّاسِ لِيُذِيقَهُمْ بَعْضَ الَّذِى عَمِلُوا لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُونَ
“Wis katon anane kerusakan ing daratan lan segara disebabke pokal gawene menungsa. Gusti Allah ngersakke supaya dheweke ngrasakke sakperangan saka akibat pokal gawene. Tundhone dheweke gelem bali (tumuju dalan kang bener)”
Mboten sekedhik tiyang ingkang rumaos jumawa awit ngelmi, pangkat lan bandhanipun. Ewa semanten, piyambakipun mboten gadhah daya lan katon ringkih ngadhepi serangan Covid. Allah SWT paring wabah menika pinangka pepeling bilih kita menika kawulanipun Gusti Allah ingkang lemah saha ringkih. Kita kedah mbucal sifat remen umuk lan gumedhe saha ngakeni Maha Agungipun Allah SWT.
Bapak, Ibu, sedherek-sedherek rahimakumullah,
Linambaran jiwa utawi spirit idul fitri, ingkang sampun kabentuk saklebetipun wulan Ramadhan, mangga kita cepeng kanthi kiyat tigang perkawis ngandhap menika:
Sepisan, kanthi raos andhaping manah mangga kita nyuwun pangapunten awit sedaya dosa lan kalepatan kita dhumateng Allah SWT. Sampun kathah yuswa kita namung kita mboten kanthi saestu mertobat saking sedaya lepat lan dosa. Mangga kita ngathah-ngathahaken istighfar. Kanthi istighfar kula lan panjenengan sami insyaallah badhe suci saking letheking dosa, celak kaliyan Allah SWT saha kalis saking azabipun. Wonten surat Al-Anfal ayat 33, Gusti Allah ngendika:
وَمَا كَانَ اللهُ لِيُعَذِّبَهُمْ وَأَنْتَ فِيهِمْ ۚ وَمَا كَانَ اللهُ مُعَذِّبَهُمْ وَهُمْ يَسْتَغْفِرُونَ
"Lan Allah ora bakal ngukum dheweke, angger sliramu (Muhammad) ana ing antarane dheweke. Lan Allah (uga) ora bakal ngukum, nalika dheweke isih gelem njaluk pangapura"
Saking ayat menika, mugi kita tansah ndadosaken istighfar pinangka saka guru keluarga kita. Linangkung wonten wekdal pandemi Covid 19 menika. Wondene sesarengan kalian Rasulullah SAW pinangka wasilah uwal kalis saking azabipun Allah saget pun tindaaken kanthi ittiba’ utawi dherek tindak lampahipun Rasulullah SAW.Ngathah-ngathahaken sholawat ugi sae sanget supados kita pikantuk syafaatipun.
Jama’ah rahimakumullah,
Ingkang kaping kalih, mangga kita kiyataken keimanan dalah raos husnudzon dhumateng Allah SWT supados Allah SWT tumunten paring pitedah kagem ngadhepi musibah menika. Gusti Allah ngendika:
مَا أَصَابَ مِنْ مُصِيبَةٍ إِلَّا بِإِذْنِ اللهِ ۗ وَمَنْ يُؤْمِنْ بِاللهِ يَهْدِ قَلْبَهُ ۚ وَاللهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمٌ
Ora ana siji wae musibah kang nemahi marang sak wijining wong kajaba atas ijine Allah. Lan sapa wonge kang percaya marang Allah, mula Allah bakal menehi pituduh tumrap atine. Lan Allah Maha Mangerteni sembarang kalir sewiji-wiji (QS. At-Taghabun : 11)
Kanthi wontenipun pandemi Covid menika, panci leres kita mboten saget nindaaken sawatawis ibadah ingkang nggadahi sifat jamaah utawi sesarengan tiyang kathah kados dene sholat Id wonten lapangan. Pengajian-pengajian ugi pun liburaken rumiyin. Ananging Gusti Allah mbikak kesempatan ibadah qolbiyyah ingkang nilainipun ageng sanget lan mboten kawon kalian ibadah jasadiyah. Ibadah qolbiyah mekaten arupi sikap ikhlas ngadhepi pandemi. Sedanten sampun dipun takdiraken saking Allah SWT. Sagetipun kita namung nindaaken ikhtiar kanthi ikhlas lan sabar supados kalis lan wilujeng saking ancaman virus Covid 19.
Ma’asyiral Mu’miniin rahimakumullah,
Saklajengipun ingkang kaping tiga, mangga kita tansah sabar. Akhlak sabar kita dadosaken cagak keluarga kita. Gusti Allah paring pangandikan:
“Lan saktemene Ingsung bakal paring piwales marang wong-wong kang sabar kanthi ganjaran kang luwih becik tinimbang apa sing wis ditindakake” (QS An-Nahl:96).
Tuhu endah gambaran Rasulullah SAW ngengingi sifat-sifat tiyang mukmin. Rasulullah SAW ngendika:
عَجَبًا لأَمْرِ الْمُؤْمِنِ إِنَّ أَمْرَهُ كُلَّهُ خَيْرٌ وَلَيْسَ ذَاكَ لأَحَدٍ إِلاَّ لِلْمُؤْمِنِ إِنْ أَصَابَتْهُ سَرَّاءُ شَكَرَ فَكَانَ خَيْرًا لَهُ وَإِنْ أَصَابَتْهُ ضَرَّاءُ صَبَرَ فَكَانَ خَيْرًا لَهُ
“Temen nggumunake kahanane wong mukmin. Sembarang kalir urusane sarwa becik. Kang mengkono iku ora diduweki kejaba mung wong mukmin. Menawa oleh perkara kang nyenengke, dheweke ngaturake syukur. Mula iku becik kanggo dheweke. Arikalane mrangguli bab-bab kang gawe susah dheweke sabar. Mengkono iku ya panggah becik kanggone” (HR. Muslim)
Jama’ah shalat Id rahimakumullah,
Mangga kita cepeng kenceng piwucal Rasulullah SAW supados kita sedaya dados tiyang-tiyang ingkang mulya. Tiyang-tiyang ingkang sabar lan tabah badhe pun papanaken kaliyan Allah SWT wonten panggenan ingkang saklangkung inggil lan mulya, nenggih setunggalipun kraton wonten suwargo loka sesarengan kalian tiyang sepuh kekalih, garwa, sedaya putra lan sedaya wayah.
“Uwong-uwong iku kang bakal oleh pungkasan becik. Yaiku suwargo Adn, kang dheweke bakal mlebu ing njerone bareng karo wong-wong kang shaleh saka bapak-bapake, bojo-bojone lan anak putune. Ono dene para malaikat mlebu marang panggonan-panggonane saka kabeh lawang (karo ngendiko) “salamun'alaikum bima shabartum'. Mula saeba apike panggonan pungkasan kuwi (QS Ar Ra'd: 21-24).
Kanthi nindaaken hikmah-hikmah Ramadhan saha hikmah wontenipun pandemi Covid 19 mugi-mugi kita dipun kempalaken dening Allah SWT wonten suwargo Adn sareng-sareng kalian tiyang sepuh kekalih kita, garwa, putra-putra lan wayah-wayah kita. Mugi kita sedanten dados ahlal jannah. Aamiin Ya Mujibas Sailin.
Para Jama’ah rahimakumullah,
Mangga sareng-sareng kita pungkasi khutbah menika kanthi ndonga nyuwun dhumateng Gusti Allah SWT.

إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا.اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيمَ اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَ الْمُسْلِمَاتِ وَ الْمُؤْمِنِيْنَ وَ الْمُؤْمِنَاتِ اَلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَ اْلأَمْوَات . رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّابُ رَبَّنَا إِنَّنَا آمَنَّا فَاغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ .رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ .رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ.
Dening: Marsudi Iman

Subscribe to receive free email updates: